Pristiadi Utomo

GEGAYUHAN

Swara angin sumiribit nimbus ing kalbu, langit mendung, kahanan sepi ngiringi dina setu iki. Kabeh sekolah SMA ing penjuru nuswantara padha was-was ngenteni pengumuman kelulusan ujian murid-murid kelas telu. Padha karo sekolahan liya, SMA HARAPAN BANGSA uga ngrasakake kahanan iki.

Murid-murid kelas telu ing SMA Harapan Bangsa padha deg-degan ngenteni pengumuman. Ora kejaba murid sing jenenge Aji, murid kelas XII 1A3 iku ya melu deg-degan ngenteni hasil ujian. Katon ngenteni kanthi sabar, jam setengah sepuluh pengumuman kang dibagikake lewat wong tuwa murid wis metu. Sabubare para wong tuwa metu saka ruwangan kelas, putra-putrane padha nyuwun dibukakake surat isi pengumuman. Ana sing padha tetangis, pating jlerit, jingkrak-jingkrak ngenteni isi pengumuman jebule padha lulus. Ora kejaba Aji putranipun Pak Dokter uga lulus.

Aji iku bocah kang manut, ora neka-neka lan bocah kang pinter. Dheweke lulus kanthi nilai kang apik lan muasaken. Ramane Kepala Rumah Sakit Pelita Harapan, dene Renane dokter ing Rumah Sakit Mutiara. Aji duwe kangmas uga dokter. Mas Seno, kangmase Aji nyambut gawe dadi dokter spesialis jantung ing Rumah Sakit Pelita Harapan Jakarta padha karo ramane.

Wiwit cilik Aji duweni gegayuhan arep dadi sarjana hukum amarga Aji pengen dadi pembela wong-wong kang dicurangi ing bab hukum, dene hokum ing Indonesia saya suwi tambah ora karuwan, ora ono keadilan. Nanging ramane Aji kuwi wong kang nduweni watak keras, otoriter lan apa-apa gegayuhane kudu dilaksanakake. Ramane Aji, Pak Dokter Darmawan duwe karep kabeh anakke yaitu Seno lan AJi kudu kabeh dadi dokter. Dene mas Seno wis dadi dokter, kari Aji kudu dadi dokter. Nanging, Aji ora gelem dadi dokter, Aji tetep duwe gegayuhan dadi sarjana hokum, amarga pengen dadi pambela hukum. Amarga ora seneng dadi dokter, Aji bingung arep tumindak apa. Aji pangeluh marang rename. “Rena, pripun niki dalem boten karep dados dokter, dalem badhe dados sarjana hukum kemawon, dalem ajrih kaliyan rama”, ngeluhe Aji marang rename.

“Putraku Aji, rena ora arep mekso kowe dadi dokter, apa sing dadi karepmu asal kuwi becik kanggo awakmu, rena ora keberatan. Kowe maturo karo rama apik-apik jelaske apa gegayuhanmu”, rena maringi nasehat.

Sore kuwi, katon padhang jingglang. Pak Darmawan lagi lenggah-lenggah maos Koran. Aji nyedhaki ramane karo rada wedhi.

Aji : “Nuwun sewu rama, dalem badhe matur!”

Rama : “Ana apa putraku? Apa kanga rep kowe omongake?”

Aji : “Dalem badhe nyuwun izin menawi dalem badhe nerusaken kuliah wonten fakultas hukum”.

Rama : “Apa!!! Kowe arep dadi apa, kuliah ning hukum? Ora, ora! Kowe kudu dadi dokter!”

Aji : “Nuwun sewu saderengipun rama, dalem boten remen dados dokter, wiwit alit dalem kepingin dados pambela hukum, rama!”

Ramane Aji ora mangsuli apa-apa langsung lunga. Aji ora kuwat nahan tangis, karo nangis wadul marang kangmase lan rename. “Pripun nika kangmas, rena! Rama boten maringi restu kawula kuliah dating fakultas hukum” ngeluhe Aji. “Sabar dimas, kangmas lan rena bakal usaha mbujuk rama supaya luluh atine”, wangsulane Mas Seno. Esuke, sak bubare sarapan, Mas Seno karo Ibu Darmawan matur karo Pak Darmawan masalahe Aji. “Kangmas, pripun nika, Aji badhe kuliah wonten hukum, sampun mantep amargi gegayuhane wiwit alit, nyuwun tulung Kangmas paring izin”, panyuwune Bu Darmawan. “Ora isa !!! Aji kudu dadi dokter !” wangsulane Pak Darmawan kanthi duka. “Rama, napa alane dados sarjana hukum? Pakaryan ingkang sae boten naming dados dokter”, Mas Seno nambahi omongan. “Karepmu, pokoke rama ora setuju, yen Aji arep kuliah hukum , rama ora gelem ngradati, ben Aji golek ragad dhewe!” Saka kamar Aji metu. “Inggih rama, Aji badhe pados ragad piyambak, ingkang penting dalem kuliah wonten fakultas hukum.” Wangsulane Aji. Sak karepmu, rama ora urusan!” kanthi duka rama tindak kantor. Wiwit kuwi rama lan putrane iki hubungane dadi renggang. Nanging ing atine Aji tetep saying marang ramane, lan bakal mbuktikake apa kang dadi pilihane bakal ndadikake kaluwargane bangga lan bungah.

Sakdurunge ndaftar ing fakultas hukum, Aji golek-golek pakaryan dadi pelayan restoran. Kerjane bengi esuke mengko kanggo kuliah. Aji diterake kangmase ndaftar ing Universitas Indonesia Fakultas Hukum. Kabeh ujian mlebu dilakoni kanthi becik. Akhire aji ketampa ing UI Fakultas Hukum. Sakdurunge renal an kangmase wis kandha mengko biaya kuliah bakal diragadi renal an kangmase, nanging Aji ora gelem. Aji arep mbuktikake dene awakke isa usaha dhewe.

Saben dina Aji kerja dadi pelayan restoran, esuke Aji kuliah, bayarane kanggo ragad kuliah. Ora dirasa wis mlebu semester telu, Aji tetep ngukir prestasi ana ing universitas. Aji kerep menang lomba-lomba hukum mahasiswa sak Indonesia. Nanging ramane tetep wae ora ngurusi. Aji terus usaha mati-matian kerja, sinau, kuliah supaya bisa berhasil dadi sarjana hukum.

Nganti-nganti ora dirasa kesele, Aji kerep semaput ing restoran, malah nganti semaout ing kelas. Nanging Aji ora nganggap iku perkara. Awake nganti kuru, pucet ora dirasa. Angger ditakone renal an kangmase mesthi njawabe ora kenapa-kenapa, mung kesel jarene. Sawijining dina, Aji marani Mas Seno, arep dipameri dene awakke bar menang lomba debat hukum mahasiswa sak DKI Jakarta. Ning rumah sakit pas lagi nggoleki Mas Seno Aji malah ujug-ujug semaput. Untunge ora sengaja ketemu pacare Mas Seno. Mbak Laras uga dokter ing Rumah Sakit Pelita Harapan. Langsung cepet-cepet ditulungi Mbak Laras. Aji digawa ning UGD karo Mbak Laras, banjur dipriksa Mbak Laras, dites darahe.

Saking bingunge Mbak Laras during ngabari sapa-sapa, Mas Seno utawa Bu Darmawan. Aji terus sadar, lan ngomong kar Mbak Laras, “Mbak, ampun matur sinten-sinten nggih masalah niki! Mbak Laras kedah njagi rahasia niki nggih! Matur nuwun sakderengipun!” “Iyo dik, ora bakal tak omongke sapa-sapa! Iki tak paringi obat, diombe teratur yo! Karo sesuk rene meneh njipuk hasil tes darahmu, yo dik!” wangsulane Mbak Laras.banjur Aji bali, amarga nggoleki MAs Seno ora ketemu. Esuke bar mulih kuliah Aji marani Mbak Laras njupuk hasil tes darah.ning ruwangane Mbak Laras wis ngenteni. Kanthi abot Mbak Laras ngandhani Aji yen Aji kena penyakit kanker hati, stadium dhuwur. Aji kaget banget ngerteni kahanan iki. Nanging Aji tetep tegar, lan kondho karo Mbak Laras ojo kondho karo sopo-sopo masalah iki.

Kanthi sedih, Aji tetep nerusake uripe kaya biasane, kuliah karo nyambut gawe. Saben dina karo nahan rasa lara tetep berjuang mujudake gegayuhane. Aji mung tuku obat saka Mbak Laras nanging ora nglakoni kemoterapi, kaya apa kang disaranake Mbak Laras, amarga Aji ora duwe duwit kanggo kemoterapi. Aji ora wani njaluk duwit marang kaluwargane, wedi yaen kahanan iki dimangerteni.kanthi pandonga marang Gusti Allah, Aji nglakoni uripe nganti tekan wisuda. Aji sinau terus supaya bisa cepet dadi sarjana hukum. Usahane Aji ora sis-sia, akhire Aji arep diwisuda. Aji nyuwun pangestu marang rena, uga ramane supaya rawuh ana ing acara wisudane. Akhire dina wisudane Aji teka. Aji wis siap-siap menyang kampus mangkat dhisik kanthi nyuwun pandonga rama lan rename. Rename uga kangmase tata-tata arep rawuh ing wisudane Aji, nanging ramane tetep ora gelem tata-tata reka ing wisudane Aji. Banjur teko Mbak Laras uga arep teka ing wisudane Aji bareng Mas Sena. Ngerteni kahanan menawa Pak Darmawan ora gelem teko, Mbak Laras ora kuwt nahan kesedihan, lan banjur nyaritakaken kabeh apa kang dialami Aji. Saketika Ibu, Seno padha kaget. Ora kejaba ramane Aji, Pak Darmawan banjur nangis ngguguk-ngguguk. Mbak Laras banjur ngajak cepet-cepet mangkat. Tekan kampus Aji lagi nampa topi toga lan diumumake dene Aji lulus kanthi nilai cumlaude sak Fakultas Hukum Universitas Indonesia. Sakbubare ngerti ramane rawuh, Aji langsung marani ramane, ramane nangis haru, Aji dikekepi ramane, nanging ujug-ujug Aji semaput. Langsung cepet-cepet digawa Rumah Sakit. Aji digawa ing ICU, tekan ICU Aji sempet sadar, terus langsung nyuwun pangapura marang rama lan rename. “Rama, dalem nyuwun pangapura sedaya kalepatan nika dalem sampun diwisuda dados sarjana hukum kanthi pangestu rama lan rena, ugi matur nuwun kaliyan Mas Seno lan Mbak Laras sampun paring tetulung marang kawula.” Aji ngomong karo kasendat-sendat. Ora suwi bubar matur, Aji maca syahadat langsung tilar donya. Pak Darmawan, Bu Darmawan, Mbak Laras, Mas Seno padha tetangis, nangisi Aji. Nanging kabeh wis ikhlas ngeculake Aji, marga Aji wis isa nggayuh apa kang dadi gegayuhane dadi sarjana hukum.

Saben wong mesthi duwe gegayuhan ora kejaba Aji uga duwe gegayuhan dadi sarjana hukum, pambela rakyat cilik saka kacurangan hokum. Nanging ramane ora gelem paring restu, Aji kudu dadi dokter kaya sing dikarepake ramane. Nanging Aji tetep mantep nerusake gegayuhane. Apa wae kang dilakoni Aji supaya bias mujudake gegayuhane ? Monggo sesarengan sami maos cerkak niki supados saged mengartos ceritanipin ngantos paripurna !

Punika profil aku ingkang nulis cerkak basa jawi punika….

Aku dilahirake ana ning kutha Semarang, tanggal 28 September 1992. Aku sekolah wiwit umur 4 taun ana ing TK Diponegoro, Mranggen. Banjur 6 taun sekolah ning SD Bandungrejo I, Mranggen. Banjur nerusake sekolah 3 taun ning SMP N 1 Mranggen. Sajroning aku sekolah SMP aku duwe prestasi kang lumayan apik yaiyu tau dadi juara 3 Lomba Pelajar Teladan sak Kab. Demak, juara 3 Lomba Pidato Bahasa Inggris sak Kab. Demak, juara 3 Lomba Matematika sak Sub Rayon 02 Kab. Demak, juara 3 Lomba Cerdas Cermat sak Kab. Demak. Saiki aku sekolah ana ing SMAN 2 Semarang kelas X-11. Lagi coba nulis cerkak kang dimuat ana ing buku kumpulan cerkak Bahasa Jawa iki.

Leave a Reply

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: